Oleh: trieelangsutajaya2008 | Juli 13, 2008

Zaman Kaliyuga

Sore, nalika langit

Mentiyung mangulon parane

Ana teja maya-maya

Angambar ganda tuladha

Teja mau

Dumadakan ilang

Cat katon, cat ora

Prasasat aweh pralampita

Sedulurku,

nadyan awakke dhewe isih cilik paribasane

Kudu ngerti unggah-ungguh lan tata krama

Karo bapak/ibu guru kudu tansah andhap asor lan ngajeni

Karo wong tuwa kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero

Sedulurku, ing zaman kaliyuga

Jagad bakal kebak tumindak dur angkara

Akeh wong rumangsa pinter

Nanging ora pener

Akeh wong seneng dadi panguwasa

Ning, ora ngerti marang kawula

Tejo mau

Banjur mesem, tangane kumlawe

Banjur mabur menduwur parane

Ilang tanpa aweh pratanda

Ilanging teja

Nandani rusaking mayapada

Banjir bandhang, Ludira, Murkaning maruta, Murupe geni, lan

Tekane sadripu

Sasat nojoh ibu pertiwi

Kang among bisa nangis sedih

Ing alam bhur-bwah-swah

Sedulurku,

Kang pungkasan aku titip

Ngilmu iku kalokone kanthi laku

Mula sekolah kudu tansah diudi

Kanggo sanggu urip

Miyak grumbul

Nyingkirake eri kang bebondhoton

Tumuli nggayuh pepadhang

Tejo kang wus ilang mau

Banjur bali

Nggandheng putra-putra sd 1 magelung

Kang bakal dadi senopati

Ing bumi pertiwi


Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Kategori

%d blogger menyukai ini: